Awakmu
tau gak sih, nduwe konco sing tukang nyontek. Ing dunya iki akeh model nyontek.
Enek sing model nyonteke santun, modus manja, nganti sing ngelamak.
Ing
kene aku bakal njelasna tipe-tipe wong nyontek.
1. Abdi
Dalem Kraton
“Mbak-mbak
misi, kula badhe nyontek. Saget nopo mboten?”
Hla
tipe sing kaya ngene isih apik, masio sakjane nyontek iku gak enek apik-apike
belas.
2. Modus
Manja
“Mas-mas,”
kandhane Santi menyang Bambang karo matane merem melek kaya wong kesetrum.
“Opo?”
“Iki
lo Mas, nomer 1 opo? .” karo tangane Santi dulit-dulit ing wajahe Bambang.
“B”
“Kok aku F yo mas?”
“Ngawur ae, wong pilihan jawabane
mung nganti E. Awakmu mendem opo piye?”
“Ora Mas, F iku Falling in love with
you.”
Wong iki gung sarapan opo piye, batine Bambang.
3. Terus
ana maneh tipe ngelamak
Tipe
iki yen diwenehi perhatian langsung baper njaluk jadian. Ora-ora, iki tipe yen
diwenehi ati ngrogoh rempela. Kaya cerita iki.
Ana
bocah jenengen Lola lan Ani. Lola iki bocahe males, opo-opo yen ana tugas utaa
ulangan mesthi nyontek. Bocah sing
biyasane diandalna karo Lola iku Ani. Nanging goro-goro masalah nyonto iki,
Lola lan Ani ora bisa kekancan apik maneh.
“Heh
Ni, nomer siji opo?”
“B”
kandhane Ani.
“Hla
nomer 7?”
“D”
“Hla
lek nomer 9 nganti 25?”
“Hla
awakmu iki gendeng opo piye? Soal ae mung nganti 20. Ngeneki lak yo podo ae aku
ngerjakne soalmu.”
Sak
bubare iku, Lola malih rada pegel karo Lola. Terus dina sakwise isih ana
ulangan fisika. Lola iki bingung banget, soale kanca-kancane sak kelas iki ora
pati ana sing nggenah karo pelajaran Fisika, kecuali Ani lan bolo-bolone. Akhire kepeksa Lola takon menyang Ani.
“An,
aku arep takon, nomer siji thok opo?”
“B”
“Nomer
4?”
“C”
“Hla
nomer 6 nganti 12?”
Amarga
ngerasa yen Lola wes kumat ngelamake. Ani ora nanggepi.
“An
mengo tho, iki angel tenan. An! Ani!”
Nanging
Ani mung meneng ae. Sakbanjure ulangane mari, dudune matur suwun wis dicontoni,
Lola malah nyacati Ani.
“Wes
yo rek, ngene iki yen arep ulangan iku, nang dokter THT dhisik. Supaya yen
ulangan iku ora sok mbudeki.”
Lola
ngomong kaya ngono ing cedhake Ani lan kanca-kancane.
Awale
Ani mung ngejarne wae, nanging amarga risih akhire Ani malik omongane Lola, “Yo
ngene iki rek yen arep ulangan menyang omahe sik silaturahimi. Supya yen
ulangan iku ora sok akrab. Wong saben lewat ae mlengos tok. ”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar